Singa

spesies hewan keluarga jenis kucing
Revisi sejak 2 Mei 2005 23.14 oleh Meursault2004 (bicara | kontrib) (Terjemahan)
(beda) ← Revisi sebelumnya | Revisi terkini (beda) | Revisi selanjutnya → (beda)

Singa (Sansekerta: Siṃha) punika sato ingkang kagolong kulawargi felidae utawi jinis kucing. Ing bahasa Latin singa dipunwastani Panthera Leo. Singa gesangipun wonten kelompok. Biasanipun kasusun saking satunggal singa jaler mawi kathah singa èstri. Kelompok puniki banjur njagi teritoriumipun. Abotipun kirang langkung antawis 180 ngantos 250 kilogram. Umuripun antawis 10 ngantos 15 taun ing alas. Anging menawi dipunopèni saged ngantos 20 taun.

Berkas:Lion snarling.jpg
Singa.


Habitat singa

Kala rumiyin, singa gesang ing saubenging tlatah Afrika, Timur Tengah kaliyan tanah Hindhustan. Anging sapunika namung wonten ing sabagéyan alit Afrika kaliyan Indhia.

Berkas:Habitat singa.JPG
Habitat singa.

Singa wonten cariyos

Singa punika dipunanggep sato ingkang megah piyambak kaliyan ugi asring dipunanggep ingkang ngratoni sato-kéwan sanèsipun. Dados asring dipunwastani "Raja Singa" ing cariyos-cariyos.

Lambang

Singa ugi kathah dipunanggé gambar wonten lambang-lambang nagari.

Nami-nami kitha

Singa ugi kathah dipunanggé nami kitha. Ing andhap punika conthonipun: