Wangsalan (Carakan: ꦮꦁꦱꦭ꧀ꦭꦤ꧀) merupakan kalimat tebak-tebakan dalam bahasa Jawa yang hampir mirip dengan cangkriman. Ciri utama yang membedakan wangsalan dengan cangkriman ialah bahwa wangsalan memiliki petnujuk untuk menjawab batangan atau tebusannya di dalam kalimat pertanyaannya.[1]

Macam wangsalan

Berdasarkan batangan-nya

Berdasarkan jumlah batangan atau tebusannya, wangsalan dapat dibedakan menjadi berikut ini:

Wangsalan lamba

Wangsalan lamba merupakan wangsalan yang hanya memiliki satu batangan atau tebusan. Wangsalan ini hanya berisikan satu kalimat yang terdiri dari dua larik. Larik pertama berisi wangsalan, sedangkan larik kedua berisi batangan. Contohnya adalah sebagai berikut:

  1. Pindang lulang, kacèk apa aku karo kowé. (Pindhang lulang = krècèk)
  2. Jenang gula, kowé aja lali. (Jenang gula = glali)
  3. Sekar arèn, rawuhipun sampun dangu-dangu. (Sekar arèn = dangu)
  4. Njanur gunung, kadingarèn. (Janur gunung = arèn)
  5. Mbalung klapa, gelemé mung éthok-éthokan. (Balung Klapa = bathok)
  6. Mbalung janur, paring usada nggonku nandhang wuyung. (Balung janur = sada)
  7. Reca kayu, golèka kawruh rahayu. (Reca kayu = golekan)
  8. Ngembang garut, nggremeng ora karuwan. (Kembang garut = gremeng)
  9. Ngembang kacang, mbesengut ora kalegan.(Kembang kacang = besengut)
  10. Kembang jambu, kemaruk duwé dolanan anyar. (Kembang jambu = karuk)
  11. Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso. (Ron mlinjo = so).
  12. Klapa mudha, yen kalegan paringa apura. (Klapa mudha = degan)
  13. Kembang gembili, seneng-seneng olèh rejeki. (Kembang gembili = seneng)
  14. Witing klapa jawata ing ngarcapada, saluguné wong mudha gelem rekasa. (Witing klapa = glugu )
  15. Mbok aja nglemah bengkah, nyela-nyela wong tuwa. (Nglemah bengkah = téla)
  16. Gayung sumur, aja kemba aja mundhu. (Gayung sumur = timba)
  17. Nggodhong garing, ésuk-ésuk kok wis nglaras. (Godhong garing = laras)
  18. Mbalung geni, mbak menawa aku bisa teka. (Balung geni = mawa)
  19. Balung pakèl, aja seneng alok-alok! (Balung pakèl = pelok)
  20. Bayem arda, dhasar anteng kang adi luhung. (Bayem arda = lanteng)
  21. Kukus gantung, sawangan kang adi luhung. (Kukus gantung = sawang)
  22. Kancing gelung munggwèng dhadha, titènana! (Kancing gelung = peniti)
  23. Yèn ora nesu, généya kowé kok mentil kacang, mrengut terus. (Pentil kacang = sungut)
  24. Nyaron bumbung, nganti cengklungen nggonku nggentèni. (Saron bumbung = angklung)
  25. Ngrokok cendhak, bocah cilik ora kena neges-neges. (Rokok cendhak = tegesan)
  26. Balung jagung, punika sampun dados tanggel jawab kula. (Balung jagung: janggel)
  27. Jangan gori, nganti judheg anggonku mikir. (Jangan gori = gudheg)
  28. Kendhil dawa, énggal ditandangi. (Kendhil dawa = dandang)
  29. Mutra bèbèk, kawit mau mung wira-wiri wae. (Putra bèbèk = meri)
  30. Mrica kecut, yèn mung muni pancèn gampang. (Mrica kecut = wuni)
  31. Sarung jagung, abot ènthèng tak lakonané. (Sarung jagung = klobot)
  32. Wohing tanjung, becik njunjung bapa biyung. (Woh tanjung = kecik)
  33. Kapi jarwa, dak pèthèk mangsa wurunga. (Kapi jarwa = kethèk)
  34. Mina galak ing samodra, bacutna gunemmu, Kang Garèng! (Mina galak ing samodra = iwak cucut)
  35. Petis manis, ngucapna tembung sing manis. (Petis manis = kécap)
  36. Pring dhèmpèt, kowé teka mréné kok ora kandha-kandha! (Pring dhèmpèt = andha)
  37. Babal bunder manglung kali, lho, patrapmu kok kaya mangkono! (Babal bunder = elo)
  38. Kepiting kang sabèng rawa, nguswaraganta wong ayu. (Kepiting kang saba ana ing rawa = yuyu)
  39. Dom jala, coba aku kandhanana! (dom jala = coba)
  40. Baligo amba godhongé, kudu santosèng kalbu. (Baligo amba godhongé = labu)
  41. Carang wreksa, nora gampang wong mengku nagara. (Carang wreksa = pang)
  42. Cecangkok wohing kalapa, ugemana kang dadi pathoking urip. (Cangkok kalapa = bathok )
  43. Bremara wismèng bantala, kawula badhé caos atur. (bremara wismèng bantala = tawon tutur)
  44. Witing pari, kok amèn muleh lèh kerja? (wit pari = damèn)
  45. Masjid alit, aja sok nglanggar aturan! (Masjid alit = langgar)

Wangsalan rangkep

Wangsalan rangkep atau wangsalan camboran merupakan wangsalan yang memiliki batangan lebih dari satu. Wangsalan ini berisi dua kalimat yang masing-masing kalimat tersebut terdiri atas dua larik. Kalimat pertama berisi wangsalan dan kalimat kedua berisi batangan. Contoh:

Jenang séla, wader kalèn sesondhèran. (Apu, sepat).

Apuranta, yèn ana lepat kawula.

Wangsalan memet

Wangsalan memet merupakan wangsalan yang dalam mencari batangan-nya harus dikupas dua kali atau lebih.

Referensi

  1. ^ Padmosoekotjo, S. (1960). Ngéngréngan Kasusastran Djawa II. Jogjakarta: Hien Hoo Sing.