Me

Baru Hibernasi :D

Hymne Sultan Yogyakarta

Raja Manggala[1]
Rinepta kinarya kidung/
Dadiya kadya mengeti/
Jumeneng Kangjeng Sri Nata/
Ngasta pusaraning Praja//
Kangjeng Sultan kang Hamengku/
Buwana Nyenapateni/
Hing-Ngalaga Ngabdul-Rahman/
Sayidin Panatagama//
Kalipatul-lah satuhu/
Kaping Sedasa kang darbe/
Karaton Ngayogyakarta/
Hadiningrat kang minulya//

Hymne Susuhunan Surakarta

Sri Katon[2]
Hamiyos Kangjeng Sri Nata/
Saking ing Prabasuyasa/
Ginarbeg ing hupacara/
Kahampil Srimpi Badhaya//
Myang Manggung Ketanggung, Jaka/
Palara-lara Sadaya/
Sri Nata Ngrasuk Busana/
Kaprabon Tuhu Respatya//
Sembada bisa busana/
Sanggya kang rinasuk endah/
Sri Naranata Sudibya/
Hing Tyas Ngadil Paramarta//

Catatan

  1. ^ https://www.youtube.com/watch?v=S44ZanoM2AQ
  2. ^ https://www.youtube.com/watch?v=ALUzbvBNoA8