Perang Iran–Irak

perang tahun 1980-1988 antara Iran dan Irak

Perang Iran-Irak uga dikenal kanthi Pertahanan Suci lan Perang Revolusi Iran ing Iran, lan Qadisiyyah Saddam (قادسيّة صدّام, Qādisiyyat Saddām) ing Irak, yaiku perang ing antarané Irak lan Iran kang kawiwitan ana ing wulan September 1980 lan paripurna ana ing wulan Agustus 1988. Umumé, perang iki dikenal kanthi Perang Teluk Persia saéngga Konflik Iraq-Kuwait njeblug ana ing awal 1990-an, lan kanggo sakwetara wektu dikenal kanthi Perang Teluk Persia Kang Kapisan.

Perang Iran-Iraq

Prajurit Iran kanthi masker gas ing palagan
Tanggal22 September 198020 Agustus 1988
LokasiTeluk Persia, Tapelwates Iran-Iraq
Hasil Dalan buntu; Kegagalan strategis Iraq; Kegagalan taktis Iran; Gencatan senjata kanthi mandat PBB; status quo ante bellum; Sepata marang Iraq dening PBB; Iran temporarily holds onto the Shatt al-Arab waterway
Perubahan
wilayah
Kaloroné pihak bali marang tapelwates sakdurungé perang
Pihak terlibat
 Iran
Persatuan Patriot Kurdistan
Irak Irak
Berkas:Mojahedin Khalgh - Logo.gif Mujahidin Rakyat Iran
Tokoh dan pemimpin
Iran Ruhollah Khomeini
Iran Hashemi Rafsanjani
Iran Ali Shamkhani
Iran Mustafa Chamran
Irak Saddam Hussein
Irak Ali Hassan al-Majid
Kekuatan
305.000 prajurit
500.000 Pasdaran lan Milisi Basij
900 tank
1.000 kendaraan berat
3.000 artileri
470 pesawat
750 helikopter[1]
190.000 prajurit
5.000 tank
4.000 kendaraan berat
7.330 artileri
500+ pesawat,
100+ helikopter[2]
Korban
Est. 500,000-750,000 prajurit/milisi/sipil terbunuh atau luka Est. 375,000-500,000 prajurit/milisi/sipil terbunuh atau luka

Perang ini kawiwitan nalika wadyabala Irak mbrobos tapelwates Iran ana ing 22 September 1980 amarga perkara tapelwates kang ora rampung-rampung antarané negara kaloron lan uga kekuatirané Saddam Hussein marang panduwané Syiah kang digawa déning Imam Khomeini sajroning Revolusi Iran. Senajanta Irak ora mratélak-aké perang, wadyabalané gagal sajroné misi ing Iran lan wusanané pangrangsegé bisa dèn asoraké déning Iran. Senajanta PBB njaluk supaya gencatan senjata, paprangan tetep lumaku nganti tanggal 20 Agustus 1988; Ijol bebandan kang pamungkas antarané negara sakloron iki dumadi ana ing tahun 2003. Perang iki wus ngowahi wewengkon lan kahanan politik global.

Perang iki uga anduwèni kemiripan kaya Perang Dunia I. Cara kang digunakaké kayata pertahanan parit, pos-pos pertahanan senapan mesin, serangan kanthi bayonet, migunak-aké kawat ri, gelombang pangrangsegé manungsa sarta migunak-aké senjata kimia(kayata gas mustard) kanthi gedhèn déning tentara Irak kanggo matèni wadyabala Iran lan uga warga sipil, kayata kang dialami uga déning warga suku Kurdi ing Irak sisih lor. Sajroné perang iki dipercaya luwih saka sa yuta prajurit sarta warga sipil Irak lan Iran pralaya, lan luwih akèh manèh bebanten kang nandhang tatu saka pihak sakloron saksuwéné dumadiné paprangan.

Larah-larahé

Mula bukané Sejarah

Senajanta perang Iran-Irak kang diwiwiti saka tahun 1980-1988 sawijining perang kang dumadi ing wewengkon Teluk Persia, underaning perkara saka masalah iki sejatine diwiwiti luwih saka pirang-pirang abad kapungkur. Kisruh lan suwéné memungsuhan kang dumadi antarane praja Mesopotamia(mapan ing lembah bengawan Tigris-Eufrat, kang saiki dadi sawijining negara Irak modern) mungsuh praja Persia utawa negara Iran modern

Referensi

Templat:Link FA